Sunday, 9 March 2014

Wulan Damayanti

cipt.mas DHOSE
Unduh lagunya di sini 
 

Ora keroso wektu mlaku ra kondho-kondho.
Wis 18 taun umurmu iki dino
Biyen tak gadhang-gadhang
Biyen tak sayang-sayang
Gendhukku ayu Wulan Damayanti

Nanging saiki kahanan sing mbedak'ake
Aku ono ing dunyo Kowe ono alam liyo
Aku mung biso ndongo Marang kang Maha Kuasa
Mugo mulya kowe ing alam liyo.

Eleng,..aku tansah eleng
Nalikane loro..
tak obati tak tunggoni.
Nanging
ora nyono ora ngiro
garise uripmu jebul amung semene.
tak lilakno tak ikhlasno senajan batin ora lilo
Tego ra tego kowe...tak lilakno..

No comments:

Post a Comment